searchbox

Selasa, 15 November 2011

Rega Bandot nang Jurangmangu Tahun kiye larang

Nang Jurangmangu kecamatan Pulosari akeh wong sing ngingu wedus lanang alias Bandot kanggo di dol nang wulan aji,sebab nang wulan aji rega wedus wis dipastikna larang tenimbang wulan-wulan liyane.biasane tukune wedus antarane 3 wulan sampe 6 wulan sadurunge bada aji>tukune wedus bakalan atawa bendet(bandot cilik).bareng teketung-etung kayong lumangyan koh,.wong si Kanapi wing tuku bendet lagi wulan Juli regan nematus ewu,barengan wingi didol payu sejuta seket ewu.brarti si kanapi olih tumpang 450 ewu,coba dipikir,pirang wulan kui.....brarti kan cuma 3 wulan.ya di gawe patang wulan wis,...450 ewu di bagi papat.satus luwih....banu si kanapi due bandot nganti wolung jendil.wis genah 8 x 100= 800 ewu sing sewulan.padahal ngempani bandot 8 paling suket sepikul.wong ngger si kanapi ngarit sepikul paling butuh waktu sejam.pancen winginane lagi langka udan si kanapi kayong peh banget.coba bayangna sukete pada garing kabeh.si kanapi nganti ngarit meng hutan lindung.banu kan adoh banget,jan melasi....
   Jare blantik wedus sing arane kang yatno.taun kiye regane apik,ya selisih 200 nganti 3atus luwih larang tenimbang taun wingi.kang yatno kui anak buahe kang naryo sing tiap wulan aji tukuni bandot nggi di dol nang jakarta.biasane nggawa nganti 200 iji.
   Angger sing kepengin nyembeleh korban ana cara sing efisien.tukua wedus sing bakalan 6 wulan seurunge bada aji,kan regane murah.wong esih cilik sih,...trus ngger ra pinter ngarit kari dititipna bae,nang jurangmangu akeh sing gelem,ger ora salah bandot siji upahe mung 20 ewu sewulan.nah kan mesti luwih murah tenimbang tuku nang wulan aji,bisa nganti 1,5 juta.apa maning tukune neng pasar,lah ya larang nemen.trus wong kota coba ger butuh bandot.mudun dewek bae meng petani.3 ewu mesti luwih murah tenimbang nang depot.

0 komentar:

Posting Komentar